Kamis, Januari 22, 2009

SUMILIRING BAYU

Geguritan kolaborasi Petakilan Stan's dan Pecicilan Ponco Anggoningsun ndeleng tawang Ngarepake kalbu tansah padhang Ananging kanyata beda kang daksandang Angslup sajroning jiwa samudra Badar dadi cahyaning kamulyan Kanggoningsun kadyo cebol nggayuh lintang Nyadong pisungsung agung kang brongot Pangrasa tetep ngumbara Kang kesinungan hawa angkara Ngreidu laku jantra kalbu seto Sumiliring bayu, nggugah sejatining urip Teka lungo yo amung, nyawiji maring gusti Kang njalari sepi ing pamrih Anggone nggumbara ngrasuk urip sejati kang hakiki "Pecicilan Ponco & Petakilan Stan`s" Dalam Pertengahan January 2009

Tidak ada komentar: